Parikan yaiku tetembungan utawa unen- unen kang duweni pathokan ajeg utawa paugeran ajeg. tembung liyane rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda (suku kata), runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun. Ciri- cirine
a. cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho
b. ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose)
c. tibaning swara ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho
d. parikan bisa kadadeyan rong gatra, petang gatra, wolung gatra
e. parikan bisa kadadeyan saka patang wanda saben sagtara lan uga bisa kadadeyan saka wolung wanda saben sagatra
tuladha
1. nyangking ember kiwa tengen,
lungguh jejer tamba kangen
2. kembang wader sumebar ing tengah alas,
tiwas- tiwas nglabuhi wong ora waras
Wangsalan yaiku unen- unen utawa tetembungan saemper cangkriman (bethekan), nanging batange (wangsulane wis dikandhakake.
tuladha
1. jenang gula, kowe aja lali
jenang gula iku tegese glali, mula tegese lali
2. jangan gori, nganti judheg anggonku ngenteni
jenang gori iku tegese gudheg, mula tegese judheg