ragam krama kaperang dadi loro yaiku krama lan krama inggil.
krama iku basa kang nggunakake basa winates ing undha usuk tembung krama, lamun krama inggil iku nggunakae tembung krama lan krama inggil. dene katrangane kaya ing ngisor iki:
A. krama
1. ciri- cirine= a. kabeh nggunakake tembung- tembung krama
b. nggunakake ater- ater kang dikramakake (ku- kula, kok- sampeyan, di- dipun-), panambang krama (-ipun, -aken)
c. tembung sesulih wong kapisan nggunakake tembung kula, kapindho nggunakake tembung sampeyan, lan katelu nggunakake tembung piyambakipun
d. tembung krama digunakake kanggo wong liya lan awake dhewe mapan ing jejer, wasesa lan lesan
2. panggonane= a. wong sing lagi wae kenal
b. wong sing padha tuwane
c. wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni banget
3. tuladha= a. menawi sampeyan pingin pirsa griya kula menika
b. nyuwun tulung sampeyan pendhetaken kalawarti menika
c. menapa sampeyan wau enjing sampun sarapan?
B. krama inggil
1. ciri- cirine= a. nggunakake tembung- tembung krama inggil kanggo sing dijak guneman, kanggo awake dhewe nggunakake tembung- tembung krama/ ngoko
b. nggunakake ater- ater dikramake (ku- kula, kok- panjenengan, di- dipun-), panambvang krama (-ipun, -aken)
c. tembung sesulih wong kapisannggunakake tembung kula. kapindho nggunakake tembung panjenengan, lan katelu nggunakake tembung panjenenganipun
2. panggonane=a. bocah marang wong tuwa
b. wong enom marang bwong sing luwih tuwa
3. tuladha= a. bapak menapa panjenengan pirsa dalemipun pak brata?
b. simbang menika tindakipun sampun radi rendhet
c.kenging menapa menika panjenengan tangletaken?
d. sikil kula sakit, sukunipun bapak gerah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar